🌺🌺🌺ALAM LELEMBUT 🌺🌺🌺
🌺🌺 Reog sutrenan 🌺🌺
Oleh: Didiek Utoyo
Kedadeyan iki watara taun pitung puluhan kepungkur.
Asmane Mbah Joyo sing kagungan dalem kuna latar jembar akeh wit-witan sing ngrembuyung nambahi adhem swasana ing jaman iku.
Kejaba wibawane sing Agung uga dadi tokoh Panutane warga sakiwa-tengene kono awit anggone seneng tetulung..
Daleme sing rinengga Pendhapa joglo gedhe direnggani gamelan pelog slendro komplit digelar kanggo latiyan para warga sing seneng Budaya.
Kejaba iku barongan reog ana patang setel komplit karo dhadhak merak sak gamelane uga.
Nganti sawijining bengi ana pawongan papat kang nyalawadi wanci sirep wong kurang luwih tabuh kaping pindho. mendhak-mendhak nyedhaki Pendhapa sing dijaga wong loro kakang Adhi sing jenenge kemis karo Setu,
wektu iku isih grenang-greneng nglaras sepining wengi sing nglangut. nganti ora krasa yen ana pawongan liya sing nyedhaki.
lagi enak jagongan weruh-weruh neng gulune nempel barang landhep tur anyes.
:" Nek pengin Slamet meneng,...!!!aja kakean polah....???
swara anteb mbisiki kupinge.
kancane loro wis siap karung goni kanggo madhahi gamelan perunggu sing pancen larang regane.
Kemis karo Setu dicancang dadi siji, lan cangkeme di suweli sarung supaya ora bisa bengok-bengok.
para maling sing lagi enak ngukuti barang sing arep digawa rada ilang kaprayitnane, ana angin aneh sumiyut rada banter nganti ngobah-ake Sirah macan sing ana ndhuwure
Plangkan nganti ceblok nibani salah sijine maling sing terus tiba klumah.
gawe kagete kancane.
Kancane sing melu cawe-cawe arep tetulung gegere uga ketiban sirah macan liyane malah tiba krungkep ngebruki maling sing liyane ora bisa obah.
Kedadeyan mau njalari maling loro liyane mbingungi arep mlayu rumangsa ana sing nggandhuli .
pungkasane mung bisa lungguh karo gereng-gereng kaya patrape Macan.
Kedadeyan mau njalari Mbah Joyo nglilir saka sare. terus metu saka senthong.
kaya ora maelu kedadeyan mau terus nguculi bandane Kemis lan Setu diajak lungguh neng Pendhapa kono.
lagi wae kemis lan Setu ucul saka bebandan kesusul maling loro sing padha bali munggah Pendhapa awit rumangsane ana macan gembong gedhe banget ngadhang lakune.
kancane maling mau ndlosor neng ngarepe mbah Joyo njaluk pangapura.
sawise nglumpuk kabeh dikandhani kanthi becik. esuke diwenehi sarapan lan sangu. lan dipesen ora perlu maling yen butuh dikongkon mara lan nyuwun kanthi becik.
Kacarita pancen barongan Reog kagungane mbah Joyo digolekake kekuatan magis supaya yen dianggo Pagelaran bisa urip, ngiras kanggo tunggu omah mbok menawa ana wong sing duwe sedya kurang apik.
kanggo Warga kono tetep becik marang mbah Joyo sing seneng tetulung.
Nanging ora wani dlajigan neng kono wedi kesiku karo sing nunggu Pendhapa.
Wis ya Drijiku kesel.
tak ngopi dhisik.
To be Continue...
0 Response to "ALAM LELEMBUT"
Post a Comment