🌷🌷Rara Beruk🌷🌷
Oleh: Didiek Utoyo
Ing sawijining desa sing tentrem Kiai Jagasura lan Nyai Jagasura salah sawijining pawongan sing pegaweyane dadi wong tani sing utun lan sregep ngibadah.
Sarehne isih temanten anyar mula ora suwe Nyai Jagasura nggarbini.
Wong sakloron rumangsa begja kemayangan awit pinaringan nugraha bakal duwe momongan.
Nalika kandhutane Nyai Jagasura ngancik umur sangang wulan dumadakan ketekan tamu sing ora liya sedulure anom utawa adhine Kyai Jagasura sing kulina diundang Mbok Bei.
Tekane mbok Bei awit krasa yen kakange mbutuhake pitulungan sebab bakal nampa anak.
Kebeneran mbok Bei duwe kepinteran tulung wong wadon sing arep babaran.
Nyai Jagasura klakon nglairake anak wadon sing ayu rupane.
Sateruse bayi mau diwenehi tenger Rara Mulatsih utawa Rara Beruk.
Saking senenge mbok Bei Rara Beruk dipek anak angkat.
Nanging Kyai Jagasura lan bojone durung tega masrahake Rara Beruk marang Bibine.
Awit isih mbutuhake susu saka ibune
Bareng umure Beruk ngancik sewelas taun.
Wong tuwane banjur kelingan janjine marang mbok Bei, yen bakal akan masrahake Rara Beruk marang Bibine.
Dina esuke Nyai Jagasura netepi janjine marang mbok Bei ngeterake Rara Beruk neng Kutharaja, neng omahe mbok Bei.
Ana ing kono karo mbok Bei Rara Beruk diajari bab sopan santun, tata kramane kraton, carane ngracik sesaji, lan liya-liyane.
Rara Beruk disowanake marang Kraton saperlu suwita.
Kaya lumrahe abdi dalem Rara Beruk dipapanake ana pakiwan kumpul karo para abdi liyane.
Nganti sawijining dina Kanjeng Sinuhun durung saget Sare.
Banjur tedhak mlaku-mlaku ngiras niti priksa kahanane kraton nganti ora sengaja ngliwati papane para abdi dalem emban kang wis padha turu.
Ing kono Kanjeng Sinuwun priksa ana cahya sumorot saka sela-selane kamar patunggone para emban.
Kanjeng Sinuwun ungak-ungak papane para emban saiba kaget penggalihe kanjeng Sinuwun ing kono priksa ana cahya sumunu anelahi saka salah sijine emban magang.
Saka pusere emban mau metu cahya anelahi miyak pandam kurung kang madhangi patunggone para cethi.
Kanjeng Sinuwun dina esuke banjur golek warta sapa sing kanggonan Cahya mau.
Saka pituduhe juru nujum Kraton.
Ing kono ndangu nyai Menggung kang mbawahi patunggon kono.
Miturut ature para Abdi jebul sing kanggonan Cahya mau Rara Beruk.
Kamangka miturut adat Jawa
" Sapa sing ing pusere metu Cahya mau sing kanggonan Wahyu Kraton lan bakal nurunake darah Ratu ing Tanah Jawa.
Kabar mau keprungu dening mbok Bei lan Kyai Bei.
Rumangsa kuwatir keslametane Beruk, mbok Bei lan Kyai Ngabei ( bojone mbok Bei ) Rara Beruk digawa bali mulih neng omahe.
Kanjeng Sinuwun bingung ditinggal Rara Beruk rumangsa ana sing kurang.
Pranyata Kanjeng Sinuwun kasmaran marang Rara Beruk. Kanjeng sinuhun utusan nggoleki papan dununge Beruk wusana Kanjeng Sinuwun bisa nemokake Rara Beruk ing omah e mbok Bei.
Kanjeng Sinuhun ngersakake ngangkat Beruk dadi garwa selir lan diparingi tetenger Dyan Ayu Mandayaprana.
Kocap bareng Kanjeng Ratu Hemas mireng pawarta yen Rara Beruk dipundhut garwa Selir dening Kanjeng Sinuwun njalari Kanjeng Ratu Hemas gerah penggalih.
Bab mau njalari Kanjeng Prameswari gerah raga dadi lan sedane.
Sak surute Kanjeng Ratu Hemas,
Dyan Ayu Mandayaprana sinengkakake dadi garwa Prameswari diparingi gelar Kanjeng Ratu Kencana.
Kanjeng Ratu Kencana nglairake Putra mijil Kakung lan diparingi tenger Kanjeng Pangeran Purboyo.
Sateruse diwisuda dadi Adipati Prabu Anom sing tembe mburi ne dadi Sinuwun Paku Buwono kaping IV.
Crita Sethithik kirang langkung nyuwun pangapura.
⚘⚘Cah Nganjuk ⚘⚘
0 Response to "Rara Beruk"
Post a Comment